Materi Lomba Pidato Bahasa Jawa Siswa Madin Penatas Angin


السلام عليكم ورحمة الله وبركاته.
اعوذ بالله من الشيطان الرجيم. بسم الله الرحمن الرحيم. الحمد لله رب العالمين . اللهم صل وسلم على اشرف الانبياء وإمام المرسلين. سيدنا ومولانا محمد. وقال الله تعالى في القرآن الكريم  : وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3)ÇÌÈ  اما بعد.
Ma’asyirol muslimin rohimakumulloh.
Sak derengipun monggo sesarengan kulo dere’aken ngunju’aken raos syukur dateng ngerso dalem Allah SWT, engkang tansah maringaken kenikmatan, taufiq soho hidayahipun, sehinggo sesarengan kito saget makempal ing majelis ingkang insya’alloh kathah berkahipun meniko, Kanti raos syukur meniko mugi – mugi Allah SWT tansah maringaken tambahing kenikmatan dateng kulo panjenengan sedoyo. Amin Allohumma Amin.
Sak lajengipun sholawat tuwin salam engkang mugi-mugi tansah ka’aturaken dateng junjungan Nabi Agung Muhammad SAW miwah sedoyo keluarga, lan poro shohabatipun, kanti mugi – mugi kulo panjenengan tansah pikatuk syafaat soho pitulunganipun sae wonten donyo meniko langkung – langkung sak mangke wonten akherat. Amin Allohumma Amin.
Poro rawuh sedoyo, kakung soho putri rohimakumulloh.
Menawi wonten engkang usaha dagang kanti modal Rp. 500.000,- lajeng sak sampunipun tiang meniko sadeyan ternyata wangsulipun arto namung Rp 350.000,- utawi Rp 400.000,- berarti tiang meniko bathi nopo rugi Buk????
Semanten ugi, bilih kito gesang wonten alam ndunyo meniko sampun dipun paringi modal deneng gusti Allah. Njenengan rumaos diparingi modal nopo mboten????
Modal saking gusti Allah nopo Buk????
Modal engkang sampun kaparingaken dening Gusti Allah SWT dateng kito sedoyo mboten sanes inggih meniko umur utawi wekdal. Umure kulo panjenengan engkang sampun kaparing saking gusti Allah meniko kedah kito ginaaken sa’estu menawi kulo panjenengan kepingin dados tiang engkang bathi. Menawi rugi arto saget dipun usahani maleh sanes wekdal. Nanging menawi rugi umur, yekti mboten saget dipun wangsuli. Kulo yakin kito mboten kepingin dados tiang engkang rugi. Nggeh nopo Nggeh???
Poro rawuh sedoyo, kakung soho putri rohimakumulloh.
Menawi dipun angen – angen, bilih kulo panjenengan uripe teng alam ndunyo meniko wekdalipun utawi umuripun kabagi dados 3 macem.
Wekdal 3 macem meniko mboten sanes engkang Sepindah, wekdal engkang sampun kalampah. Wekdal umur engkang sampun kalampah meniko mboten saget dipun wangsuli maleh. Mboten wonten ceritane tiang sampun sepoh banjur awa’e maleh dados alit, dados tiang bayi maleh. Leres nopo mboten???? Kito yakin bilih tiang sedoyo engkang mboten saget mangsuli wekdal umur engkang sampun keliwat, nanging wekdal engkang keliwat meniko saget nentu’aken dateng wekdal meniko. Kathah tiang engkang sukses, amargi rumiyin purun usaha kanthi semangat. Nanging kosok wangsulipun katah ugi tiang engkang sengsoro amargi mboten saget anggina’aken masa lalunipun. Leres nopo leres???? Kanthi meniko ampon ngantos wekdal masa lalu ndadosaken sengsoronipun kulo panjenengan ing wekdal meniko.
Kalajengaken wekdal Kaping kali inggih meniko wekdal engkang dereng kito raosaken. Kathah tiang ajrih nalika bade ngadepi wekdal meniko. Sedoyo kepingin supados mbenjeng saget dados tiang sukses. Dados tiang berhasil sae bandanipun, ngilmunipun, pangkatipun, lan sedoyo macem kepinginanipun. Nggeh nopo mboten???. Tentunipun menawi kito ugi kepingin sedoyo kekarepan kalawahu saget kawujud, mongko kito kedah milai awit sak meniko. Kito kedah usaha kanthi sinahu mempeng, supado sedoyo cita-cita kito saget kawujud. Langkung-langkung cita-cita engkang bongso akherat. keranten mboten wonten tiang sukses engkang mboten dipun usahani. Sedoyo kedah mawi ngilmunipun kiyambak – kiyambak.
Poro rawuh sedoyo, kakung soho putri rohimakumulloh.
Kunci kesuksesan wekdal engkang sampun kito raosaken lan wekdal engkang bade dumugi, wonten ing wekdal Kaping tigo, inggih meniko wekdal sak niki. Kados nopo kathahipun kesalahan lan doso kulo panjenengan, menawi purun tobat sak estu, insya’alloh meniko bade dipun ngapunten menawi kito purun taubat lajeng mbagusi awak kito kiyambak - kiyambak.
Semanten ugi menawi kito gadah cita-cita, utawi kepinginan ing wekdal sak mangke, meniko saget kawujud kanti sae menawi kito purun sak estu usaha awet wekdal meniko. Kanthi meniko, monggo kito gina’aken wekdal meniko kanthi sak sae – saenipun, supados kulo panjenengan mbenjeng mboten dados tiang engkang rugi. Kados ngendikanipun Alloh SWT :

وَالْعَصْرِ (1) إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ (2) إِلَّا الَّذِينَ آَمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبْرِ (3)

Artosipun : “ Demi masa. Sesungguhnya manusia itu benar-benar dalam kerugian, Kecuali orang-orang yang beriman dan mengerjakan amal saleh dan nasehat menasehati supaya mentaati kebenaran dan nasehat menasehati supaya menetapi kesabaran.
Saking ayat meniko saget dipun mangertosi bilih tiang engkang mboten bade rugi inggih meniko tiang engkang anggadahi Iman dateng Alloh.  Kengeng kulo panjenengan anggadahi cita-cita engkang inggil, nanging Alloh SWT engkang bade nentu’aken. Kanthi meniko kito kedah sak estu anggenipun nyuwun dateng Alloh, kanthi ndungo lan ngibadah sak sae-saenipun. Anangeng kosok wangsulipun mboten cekap menawi namung kanthi ndungo kemawon.  Sebab Alloh mboten bade ngrubah nasib kulo panjenengan menawi kulo panjenengan mboten wonten usaha ngrubah nasibipun kiyambak-kiyambak. Ingkang langkung penting maleh bilih kito kedah purun nampi saran engkang sae lan saget membangun pribadi kito, sehingga menawi ing wekdal sanes wonten tiang engkang kirang sae, kito saget ngingetaken tiang meniko ugi. Insya’alloh kanthi mekaten kito saget anggayoh kesaenan ing alam ndunyo meniko langkung – langkung ing akherat sak mangke. Amin Allohumma Amin.
والله الموفق الى اقوام الطريق . والعفو منكم . السلام عليكم ورحمة الله وبركات

Comments