PIDATO KHITANAN BAHASA JAWA



PIDATO KHITANAN
السلام عليكم ورحمة الله وبركاته.
الحمد لله الذى هدانا لهذا. وما كنا لنهتدي لولاان هداناالله. اشهد ان لااله الاالله. واشهد ان سيدنامحمدا عبده ورسوله. قال تعالى في  كتابه الكريم . بسم الله الرحمن الرحيم . ووصيناالانسان بوالديه احسانا. حملته امه كرهاووضعته كرها. ( الاية, امابعد )
Sak derengipun kulo mahos Qur'an, langkung rumiyin kulo minangka makili haturing bapak sekaliyan sak kawulo wargo, perlu ngaturaken sugeng rawuh dhumateng poro tamu engkang minulyo.
Sak lajengipun bapak sekaliyan ngaturaken agunging panuwun, keraos sanget marem atas kerawuhan panjenengan sedoyo wonten ing majelis mriki meniko. Langkung – langkung dhumateng bapak – bapak engkang ngantos merlu'aken rawuh hinggo mbucal wekdal kepentinganipun kiyambak – kiyambak, saking betahipun badhe nyambung tali persedere'an. Mboten sanes pambalesipun bapak sekaliyan anamung ucapan alhamdulillah was syukru lillah. Ungi andonga'aken dhateng panjenengan kanthi dongo : Fa Jazaa kumulloohu jazaa'angkatsiroo, mudhoo'afam mutazaayadam min tsawaabiddunyaa wal aakhiroh. aamiin.
Kanthi suci ati bapak sekaliyan nyuwun dhumateng ALLAH SWT mugi – mugi amal panjenengan dipun tampi dening ALLAH SWTsebab anggenipun panjenengan nulungi dating bapak sekaliyan rawuh wonten ing meniko majelis. Kados pangendikanipun rosulillah Muhammad SAW :
والله في عون العبد ما دام العبد في عون اخيه
Artosipun : Gusti ALLAH niku bakal nulungi lan nuruti hajate kawulane selagine kawulo mau ahli mitulungi mareng sepodo.
Mboten kasupen maleh bapak sekaliyan ngaturaken raos syukur dhumateng ALLAH SWT dene saget dipanggehaken poro rawuh sedoyo kanthi ginanjar rahayu basuki , sehat wal afiyat , ageng maleh nikmatipun ALLAH SWT datheng kito sedoyo arupi nikmat iman wal islam.
Punopo dene pepanggihan kito wonten ing meniko majelis kangge mirengaken utawi maos dhateng kalam suci Alqur'anul karim. Sebab keikhlasan, panjenengan sami tentu badhe nampi ganjaran – ganjaranipun lan nampi syafa'at – syafa'atipun Alqur'an ing dinten engkang kita sanget mbetahaken dating syafa'at inggih meniko dinten qiyamat. Mboten langkung sak pinten mangke kalepatan kulo anggenipun maos Qur'an, panjenengan sedoyo kulo aturi nyuwunaken pangapunten dhumateng ALLAH SWT.
Dene asal niyatipun Bapak sekaliyan ngempalaken panjenengan ing mriki puniko perlu ngangkat wontene kulo ing dalu puniko diangkat dumugi titi mangsane bates 'aqil baligh utawi manjeng mukallaf. Ing sak mangke badhe ninda'ake kewajiban pertama tumprap tiang mukallaf inggih puniko khitanan utawi sunatan. Saking puniko perlu kulo nyekse'aken dhateng panjenengan sedoyo kalimah mubaya'ah inggih meniko arupi syahadat kaleh. :

بسم الله الرحمن الرحيم . اشهد ان لا اله الا الله , واشهد ان محمدا رسول الله. صلى الله عليه وسلم .
Ma'nane : Ngucapaken kulo kelawan lisan, niqodaken kulo kelawan ati, ngaweruhi kulo kelawan sirri, ngestu'aken kulo kelawan ruhani kulo, bilih saktemene mboten wonten pengeran engkang langkung haq kulo sembah , kang wajib wujude anamung gusti ALLOH engkang sempurno eng ndalem dzat lan sifate lan saktemene kanjeng nabi Muhammad SAW puniko dados utusane ALLAH SWT.
Punikolah engkang penting engkang kedah kulo suwunaken pandungo dhumateng panjenengan sami. Kawit dalu puniko mugi – mugi ALLAH pareng tetep tumancep tresep iman kulo ngantos dumugi pejah kulo pinaringono langgeng lan sagoh tauhid kulo hinggo pejah kulo netepi khusnul khootimah amin , ya robbal alamin.
Akhirul kalam kulo wangsuli atur agunging sembah nuwun lan kulo pungkasi kanthi dungo :


Comments