MC Mantenan Versi Jawa Tengah.


Assalamu’alaikum wr. Wb.
الحمدلله الذي هدانا لهذا وماكنا لنهتدي لولا ان هداناالله. اشهد ان لااله الاالله وحده لاشريك له. واشهد ان سيدنا محمدا عبده ورسوله. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا وحبيبنا محمدبن عبدالله. وعلى اله واصحابه ومن تبعهم الى يوم القيامه. اما بعده. قال تعالى فى كتابه الكريم :
وَمِنْ آَيَاتِهِ أَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِنْ أَنْفُسِكُمْ أَزْوَاجًا لِتَسْكُنُوا إِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَوَدَّةً وَرَحْمَةً إِنَّ فِي ذَلِكَ لَآَيَاتٍ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ . الاية.
Nuwun kunjok wonten ngersanipun poro alim poro ulama’, kyai soho haji ingkangkang rinten lawan dalu tansah sumanding kitab suci wahyu ilahi. Soho engkang sinuyudan poro santri miwah dados panuntun kiblating manembah maring gusti engkang dahat kulo bektosi, langkung – langkung tumanduk wonten pangarsanipun Romo Kyai Haji ........................................... engkang tansah kulo dere’i sedoyo dawuh pangandikanipun soho saestu ingkang kulo wantu – wantu berkah dalah pangestunipun.
Poro priyagung pangemban pangembating projo menggah satriyaning negari ingkang minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih engkang dahat sinudarsono.
Pepuden, sesepuh dalah pinisepuh ingkang pono ing pawasan dalah lebdo ing pitutur luhur.
Mboten katalupen tumanduk dumateng hadirin hadirot ingkang kulo hormati.
Murwakani atur ing kalenggahan puniko, monggo tansah kito dereaken nambahi raos syukur wonten ngerso dalem ALLAH SWT ingkang sampun paring taufiq, hidayah dalah inayahipun katitik wonten ing kalenggahan puniko kita taksih pinaringan pinten – pinten kanikmatan nikmat iman, islam, seger kewarasan lahir batin, rogo nggih nyowo, sahinggo saget anggrawuhi undangan saking bapak ..................... ingkang wonten wekdal meniko anggadahi hajat walimatul ‘urs atas kadaupipun diajeng ...................... dening sederek kawulo .................................................. kanthi manggih ing kabekjan sarasan tuwin manggih ing katentraman.
Sholawat dalah salam mugi kator dumateng kanjeng nabi Muhammad ingkang sampun nuntun dateng kito manungso sak jagat kerat murih manggih gesang ingkang wilujeng selamet donyo inggih akherat, Soho mugi kulo lan panjenengan sami dados ombyokanipun umat nabi Muhammad ingkang mbenjeng dinten akhir utawi dinten qiyamat mugi saget pikantok syafaat allohumma amin.
Ma’asyirol hadlirin wal hadirot.
Kaparengo kawulo sumelo wekdal sak wetawis, mboten ateges kulo ngirangi toto trapsilo inggih awit kaparengipun shohibul hajah nun inggih bapak ........................................... kulo kapureh ngaturaken menggah urut reroncening adicoro walimatul ‘urs Wonten ing wekdal meniko ingkang mboten sanes :
Adicoro sepisan                                             : Pambuko
Adicoro ingkang ongko kalih              : Gema wahyu ilahiutawi waosan ayat suci alqur’anul karim.
Adicoro ingkang ongko tigo               : Waosan Tahlil
Adicoro ingkang ongko sekawan       : tanggap wacono
a.                  Atur pasrah saking temanten Kakung.
b.                  Atur tinampi saking temanten Estri
Adicoro ingkang ongko gangsal          : Istirohah
Adicoro ingkang ongko enem             : Atur sabdotomo / mauidloh hasanah
Adicoro ingkang ongko pitu                : Panutup.
Mekaten kolowahu menggah urut reroncening adicoro ingkang bade kalampahan wonten ing dalu puniko. Pramilo monggo kito bikak sesarengan adicoro ing kalenggahan puniko kanthhi waosan ummul kitab hamugyo kanthi waosan puniko sageto murakabi ing kalenggahan puniko purwo madyo dalah wasono tansah minanggih ing rahayu wilujeng mboten manggih rubedo punopo – punopo. Ala hadzihin niyyah alfatihah ………….
Alhamdulillah, mugi kanthi waosan fatihah kala wau saget mberkahono dhumateng majelis puniko. Langkung2 kagem temanten kalih, mugi saget dados keluarga sakinah, mawaddah wa rahmah. Amin allohumma ….
Bapak ibu hadlirin hadlirot rohimakumulloh
Ndungkap titilaksono engkang ongko kalih inggih puniko gema wahyu ilahi utawi waosan ayat suci alqur’an ingkang bade kawaos dening ……………………………. Pramilo dumateng panjenenganipun wekdal sasono sak wetahipun kawulo aturaken.
Mekaten kalawahu menggah waosan ayat suci, mugi manfaati dumateng kito sedoyo, allohumma …………………
Hadirin hadirot ingkang kulo hormati,
Kalajengaken adicoro ingkang candaipun nun inggih waosan tahlil engkang bade dipun imam dening …………………. Sumonggo
Mekaten menggah waosan tahlil.
Ma’asyirol hadirin wal hadirot rohimakumulloh. Kalajengaken adicoro candakipun nun inggih tanggap wacono / sambutan – sambutan.
Sambutan ingkang ongko sepisan nun inggih Atur pasrah saking temanten Kakung ingkang bade pun sarirani bapak …………………………….. sumonggo
Kalajengaken tanggap wacono sak lajengipun nun inggih Atur tinampi saking temanten Estri, engkang bade pun sarirani bapak …. sumonggo
Mekaten menggah adicoro tanggap wacono. Kalajengaken adicoro ongko gangsal nuninggih sumening /istirohah ……
Sampun dhungkap wahyuning monggso bilih atur sabdotomo utawi mauidhoh hasanah ingkang bade kawedar sabdaaken dening romo K.H. ................................................. pramilo tumanduk dumateng panjenenganipun wekdal dalah sasono sawektahipun kawulo aturaken, lan ugi kepareng nuwun ing mangke berkahipun doa.
Mekaten kolowau menggah adicoro Walimatul ‘Urs sampun kalampahaken kanti wilujeng. Mbok bilih anggen kulo cumantoko minongko juru pangendali woro kathah cecer cewet kuciwaning atur, nuwun aguning pangapunten. sugeng pepisahan
والله الموافق الى اقوام الطريق
Wassalamu’alaikum wr.wb.


Comments

  1. manfaat sekali, ijin nimba ngelmune, buwat acara ngemse mantenan.....
    tq mas bro

    ReplyDelete

Post a Comment