MUHASABAH ( KHUTBAH JUM'AT KANGGE NYONGSONG KERAWUHANIPUN BULAN ROMADHON )


اْلحَمْدُ لِلَّهِ اَّلذِى أَحْسَنَ تَدْبِيْرَ اْلكَائِنَاتِ. وَخَلَقَ اْلأَرضِيْنَ وَالسَّمَوَاتِ. اَشْهَدُ اَنْ لاَاِلَهَ اِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَشَرِيْكَ لَهْ أَنْزَلَ اْلمَاءَ مِنَ اْلمُعْصِرَاتِ. وَأَنْشَأَ اْلحُبَّ وَالنَّبَاتِ. وَاَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَامُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ ذِيْ اْلمُعْجِزَاتِ الظَّاهِرَاتِ. اَلَّلهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ اَّلذِيْ حَصَلَ مِنْ نُوْرِهِ وُجُوْدُاْلكَائِنَاتِ. قَالَ تَعَالَى فِيْ كِتَابِهِ اْلكَرِيْم . بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم .  
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
( أما بعد ) فَيَاأَيُّهَااْلإِخْوَانُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى الله اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ . 




Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh
Monggo kito tansah nyukulaken raos ajrih dumateng Allah SWT, Ajrih menawi bekalkito mboten cekap kangge madhep dateng Allah SWT. ajrih keranten Allah meniko tansah mangertos dateng sedoyo tindak lampah kita sae engkang awon punopo ugi engkang sae. Ajrih menawi ing akherat mboten pikantok pangapuran sakeng Alah SWT.
Mugi kito dipun dadosaken minongko tiyang Ahli taqwa, ahli iman lan amal sholih, ing antawisipun saget merkuli keselametan, wilujeng wonteng ing ngalam ndunyo meniko, tuwin ing akherat sak mangke, Amin Allohumma amin.


Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh
Allah SWT sampun paring pangendikan bilih kunci suksesipun kito wonten ing ndunyo tuwin ing akherat mboten sanes kito kedah ahli muhasabah utawi niti- niti dateng tindak lampah kito. Punopo sampun sae punopo toh dereng. Punopo sampun didasari raos ikhlas keranten gusti Allah punopo taseh kecampuran kalean perkawis-perkawis sanesipun. Keranten menawi amal kito langung-langkung ibadah engkang kito lampahaken meniko taseh dereng ikhlas, taseh kecampuran riya’, mongko amal meniko bade katolak lan mboten bade dipun tampi dening Allah SWT, na’uudhubillah min dzalik.
Engkang termasuk dateng wilyah muhasabah inggih kito kedah milai sedoyo amal perbuatan kanthi dipun niyati. Dipun toto niyatipun kanti bagus, supados amal meniko ugi ngasilaken kebagusan. Keranten kanthi sae nipun niyat, namung muhung keranten gusti Allah, kanthi ngelampahaken ketaatan, ugi nuhuni dateng kewajiban sakeng Allah SWT, ugi nyelametaken amal-kalawau saking riya’, meniko badhe ndadosaken sah lan sempurnaning saben-saben amal kito sedoyo.
Termasuk wilayah muhasabah maleh bilih sak sampnipun kito rampung sakeng sedoyo amal perbuatan meniko kito kedah ningali sedoyo amal engkang sampun kito lampahaken. Punopo sampun sae miturut aturan agami punopo dereng, lan sampun sesuai kalean aturan tatacara engkang leres punopo dereng. Menawi kathah kesaenanipun, kito kedah bersyukur, ugi rumaos bilih sedoyo meniko mboten bade lancar menawi Allah SWT mboten ngersaaken berhasilipun ngamal kito.Engkang langkung wigatos maleh bilih kito kedah nyuwun mugi Allah SWT kerso paring istiqomah anggen kito ngamalkalawahu. Kosok wangsulipun menawi engkang tinemu inggih amal awon, mongko kito kedah ngatah-ngatahaken anggenipun taubat, ugi nyuwun pangapunten dateng Allah SWT. Sebab meniko mboten sanes kedados keranten pepeko lan sembrononipun kito kiyambak.


Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Sampun dados pangertosan kito sedoyo, bilih ing wekdal meniko kito badhe keduginan setunggalipun wulan engkang minulyo.wulan engkang sampun dipun dadosaken dening Allah SWT kange kito supados tansah ningkataken amal kesaenan. Keranten ing wulan meniko Allah badhe mbeber sifat rohman lan rohimipun. Allah ndadosaken wulan meniko kanthi rohmat, ampunan lan pembebasan kito sakeng panasipun geni neroko. Sedoyo meniko dipun dadosaken minungko anggenipun paring kamulyaan gusti Allah SWT dateng kito sedoyo umatipun Rasulullah Muhammad SAW



Hadirin jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Monggo kito sambut duginipun wulan Ramadhan meniko kanthi manah engkang bungah, supados kitosaget ndere’aken perintahipun kanjeng Nabi Muhammad SAW wonten ing hadisipun : “ Sopo wongkang bungah ketekanan wulan Romadhon, mongko Allah bakal ngaromake jasate sakeng panaseng geni neroko”. Monggo kito ketingalaken raos bungah meniko kanthi sesarengan kito muhasabatun nafsi inggih meniko niti-niti pribadi kulo panjenengan kiyambak-kiyambak dateng sedoyo amal-amal engkang sampun kito lampahaken, kanthi nyuwun ngapunten dateng Allah SWT atas sedoyo kekhilafan kito, lajeng kanthi ngisi dateng wulan Romadhon kelawan macem-macemipun bentukngibadah. Kados toh sholat tarawih, mahos Al-Qur’an, bibinahu masalah agami, ngreksolisanipun,ngatah-ngatahaken shodaqoh, ugi kanti macem-macemipun bentuk ibadah sanesipun. Anging engkang kedah kito perhatosaken bilih sedoyo meniko kedah kito lampahaken kanthi manah engkang sak estu Ikhlas, namung murih dateng Ridho sakeng Allah SWT. Mboten keranten nopo-nopo. Jalaran namung kanthi keikhlasan meniko lah Allah ugi badhe kerso nampi amal kito, lajeng kerso paring maghfirohipun dateng kito sedoyo, kados pangendikanipun Nabi Muhammad SAW :
مَنْ قَامَ رَمَضَانَ إِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهُ مَاتَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهِ
“Sopo wong kang njumenengake wulan romadhon (kanthi macem-macemipun ibadah)kelawan penuh keimanan lan keikhlasan, mongko Allah bakal paring pangapuran marang duso-duso kang wus dilakoni”.


Hadirin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Dipun ngendika’aken wonten setunggalipun hadis engkang kacerios saking sohabat salman Al-farisi bilih Rasulullah SAW nate khotbah ing akhiripun wulan sya’ban kados ngaten : “Hai wong-wong kang podo iman, wis manjing ing siro kabeh suwijine wulan kang mulya, kang ono lailatul qodar ing sak njerone wulan iku. Yaiku wengi kang lueih bagus tinimbang sewu wulan. Wulan kang Allah ndade’ake poso ing rinane dadi wajib lan nglakoni sholat ing wengine minongko coro nyedak marang Gusti Allah. Wulan kang sopo nglakoni kesunahan siji koyo nglakoni perkoro ferdlu ing wulan liyane lan sopo kang nglakoni perkoro ferdlu siji koyo nglakoni 70 macem perkoro ferdlu ing liyane wulan iku. Yoiku wulan kanggo nglatih kesabaran, kang ora ono piwalese kesabaran iku kejobo suwargo. Wulan kanggo predamaian, lan kanggo nambahi rejeki wong mukmin liyane. Sopo kang gelem aweh buko wong kang poso senajan kelawan sak teguk banyu, mongko koyo wong kang merdeka’ake budak lan dingapuro dosa-dosane, ugi diwelasi pengerane kanthi diparingi tegukan banyu kang ora bakal dadi ngorong sak lawas-lawase, lan wong iku bakal diparingi koyo ganjarane wong kang poso mahu. Ikilah poso kang 1/3 kawitane minongko rahmate Allah, 1/3 kapindo minongko kasebaring sifat pangapurane Allah lan 1/3 kang akhir Allah bakal nyelametake wong-wong kang ikhlas sakeng panaseng geni neroko. Mongko podo ho ngguna’ake siro marang wulan iki supoyo dilebo’ake ing suwargo lan diparingi pangreksan soko genine neroko.


Hadirin Jama’ah jum’ah rohimakumulloh.
Kados ngaten meniko penting lan utaminipun wulan Romadhon. Mugi-mugi kito pinaringan umur ingkang berkah, saget panggih dateng wulan Romadhon sak mangke kanthi sempurno. Ugi saget nggina’aken kesempatan wulan meniko kanthi sak sae-saenipun, Amin Allohumma Amin.
بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْم .  
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
بارك الله لي ولكم فى القرآن العظيم ونفعني وإياكم بذكره الحكيم إنه هو التواب الرحيم
Referensi :
  1. Syekh Imam Al-Ghazali, Mukasyafah al-qulub, Singapura, Jeddah, Indonesia : Al-Haromain, ..........., hlm. 299-301.
  2. Syekh Usman bin hasan bin ahmad al-syakir, Durroh al-nasihin fi l-wa’dhi wa al-irsyad, Surabaya : Toko Kitab Al-Hidayah, ...., hlm. 7.
  3. AA.Gym, Kompilasi Bunga rampai IV, Oase, page 2, Muhasabah seorang pedagang, Sumber : Era Muslim.
.

Comments